TUGAS BAHASA
JAWA
Nama : Vidara agustina putri
No : 27
Kelas : XI IPS 3
SMA NEGERI 1 KLATEN
ATUR
PAMBAGYA PASRAH PANAMPI MANTEN
Sangyaning para rawuh kakung
sumawana putri ingkang satuhu dahat kinurmatan.Sumangga lumaksananing adicara
wonten ing ri kalenggahan punika kita purwakani kanthi waosan bassmallah kawula
dherekaken…..(bissmillahirahmanirrahim).
Estining galih keluarga
ingkang hamengku karsa,badhe hangaturaken raos suko ebahing manah
bibgah,hanenggih atur pambagtoharjo,anaging kadaya saking bombong birawaning
manah ingkang mboten saget ginambaraken ing mriki,pindhaning kajugrugan ing
hargo inten,karoban ing samudra madu,saenggo angenipun badhe matur mboten saget
kawiyos wijiling lesan,maneka warna ingkang den rumpaka samudayanipun namung
kandeg wonten ing samadyaning jangga.Pramila ingkang hamengku karsa laju
nyaraya dumateng panjenenganipun Bp jaka kinen hangaturaken wedharing atur
pambagyoharjo.
Sangyaning para tamu kakung
putri ingkang minulya,adicara ingkang kaping katri nun inggih wedharing atur
pangandikan saking keluarga kadang besan sytresna ingkang winastan pangandikan
pasrah,pramila dumatheng panjenenganipun Bp jaka .ingkang minagka sulihing
salira saking keluarga kadang besan sutresna,sasana dalasan pandaya swara
kaaturaken sak cekapipun.
Terwaca cetha kaduk ruruh
hangarah prana,wedharing pangandikan saking kadang besan sutresna ingkang
sampun dipun salirani dening panjenenganipun Bp jaka Pramila kita rumpaka titi
laksana adicara ingkang saklajengipun nun inggih atur panampi.Wonten
ngarsanipun Bp jaka Sasana kaaturaken sumangga nun nuwun.
Purwa madyaning pawiwahan
boja krama wonten ing kalenggahan punika sampun ndungkap ing paripurna,pinagka
pratanda pari purnaning adicara,samangke temanten sekalian badhe kabodol saking
palenggahanipun lumarapaken tumuju wonten ing sakngajenging wiwara panti
pahargyan.Wonten sak ngajenging wiwara panti pahargyan sri atmaja temanten
kaampingan rama saha ibu sampun siyaga hanampi jawat asta saha wawan sabda
saking para tamu kakung putri ingkang minulya.Ing wasana nderekaken sugeng
kundur,sugeng pepisahan mugya rahayu ingkang tansah pinanggih.
Kita pungkasi kanthi asesanti
Harum Luhuring Bangsa Hamung dumunung ana ing Luhuring Budaya.Wassalamualaikum
Wr.Wb.
ATUR
PAMBAGYA KHITANAN
Assalamu’alaikum
wr. wb.
Para pinisepuh, sesepuh ingkang satuhu kula bekteni, Bapak-bapak, Ibu-ibu, saha para rawuh kakung sekaliyan garwa ingkang satuhu bagya mulya.
Kula nuwun, keparenga sumela atur, nggempil kamardikan
panjenengan sekaliyan, rikalanipun nembe wawan pangandikan. Kula minangka tetalanging tanggap wacana kalinana matur ing ngarsanipun para rawuh kakung miwah putri, bilih saking keparengipun Bp.suyono sekaliyan, kula ingkang tinanggenah ambabaraken raos pangraos ingkang mijil saking teienging manah.

Langkung
rumiyin Bp.suyono sarimbit mocap puji sukur Allhamdulillah dhumateng
ngarsanipun Gusti ingkang murbeng dumadi, dene saged hanjenengi pawiwahan
supitan (tetesan) putranipun ingkang angka 2 nama nipun ivan fadli
Kaping
kalihipun, Bp. suyono sekaliyan mboten kesupen ngaturaken pambagya sugeng
rawuhipun para tamu kakung sumawana putri. Bp. suyono sekaliyan ngatur¬aken
gunging panuwun ingkang tanpa upami dene panjenengan sami sampun kepareng
nglonggaraken wekdal saha penggalih saged hanjenengi ing pahargyan punika
kanthi rila legawaning manah, saha kersa paring donga pamuji dhumateng anak
kula ingkang sampun dipunkhitan. Bp. Suyono sekaliyan rumaos karoban ing sih
sutresna bebasan kadi lelumban wonten samodra, sakalangkung ndadosaken bombong
bingahing manah.
Kaping
tiganipun, mboten kesupen ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan
katur para sanak sadherek kadang kadeyan pamong mitra saha tangga tepalih tuwin
para muda-mudi ingkang sampun kanthi rila legawa paring pambiyantu Ian
panyumbang ingkang awujud punapa kemawon ingkang ndadosaken kemayaranipun
ingkang hamengku gati.
Sarehning Bp. suyono sekaliyan mboten saged ngaturaken lelintu punapa-punapa, pramila sagedipun namung ngaturaken pudya pudyastuti mugi-mugi lumebering sih kanugrahaning kautaman panjenengan pikantuk lelintu kanugrahaning Pangeraningkang langkung ageng.

sekawan, Bp. suyono sekaliyan nyuwun gungan dhumateng panjenengan sadaya kersaa
paring puji pangastuti wilujeng, mugi putranipun ingkang mentas dipunicali
sukeripun tansah manggih widada nir ing sambekala, tundhonipun kadiwasaning
lare kasebat mangertos tanggel jawab, bekti dhateng para sepuh Ian murakabi
mring bebrayan kathah, labuh labet dhateng bangsa Ian nagarinipun. MBok bilih:
wonten kiranging trapsila anggenipun ngacarani rawuh saha mapanaken lenggah
dhumateng panjenengan sadaya, kiranging trapsila saha bojakrama para sanak
sadherek ingkang tinanggenah among rawuh, kiranging trapsila para sinoman
anggenipun nglantaraken bojakrama, wonten kuciwaning pasugatan lan lelangen,
kersaa para tamu paring agunging samodra pangaksami.
Ing wasana,
para tamu kasuwun kanthi sanget keparenga anglajengaken anggenipun sami pinarak
lelenggahan kanthi sukaning manah sinambi ngrahabi sadaya pasugatan Ian
lelangen ingkang katur dhumateng ngarsa panjengan sami, ngantos paripurnaning
pahargyan prasaja punika. Minangka puput pepuntoning atur, mbok bilih anggen
kula ngaturaken tanggap wacana pambagya harja punika taksih kathah cicir cewet
kuciwaning atur, saha kirang trapsila, kirang Ian cupeting pangertosan kula,
mugi para tamu kersaa anglunturaken gunging samodra pangaksama.
Akhirul kalam,
biilahit taufiq wal hidayah.
Wassalamu’alaikum wr. wb
Wassalamu’alaikum wr. wb
ATUR
PAMBAGYA AQIQAH
Assalamu’alaikum
Warohmatullahi Wabarokatuh
Para pinisepuh ingkang satuhu kinabekten, para tamu ingkang kinurmatan. Saderengipun matur, kula nyuwun pangapunten wonten ngarsa panjenengan dene sampun kumawantun nyela pangandikan panjenengan ingkang nembe sekeca wawan pangandikan.
Para rawuh ingkang minulya, ingkang sepindhah mangga kita tansah ngaturaken raos puji syukur wonten ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung, awit sampun kepareng paring ganjaran wilujeng, satemah kula miwah panjenengan saged makempal wonten ing adicara tasyakuran kaliyan aqiqah menika tanpa manggih alangan satunggal menapa, ugi kanthi pangajab mugi-mugi adicara menika saged lumampah kanthi rancag kalis ing sambikala.
Para lenggah sedaya, kula minangka bedal wakilipun Bapak Sulaiman sakulawarga ingkang hamengku gati, ngaturaken pambagya sugeng rawuh, sarta ngaturaken panuwun ingkang tanpa pepindhan dene panjenengan sedaya sampun kersa nglonggaraken wekdal rawuh wonten adicara menika.
Kados sampun kapacak wonten serat ulem, dinten menika panggalihipun Bapak saha Ibu Sulaiman sanget suka bagya amargi putra ingkang katengga-tengga sampun mangertos padhang hawa kanthi mijil kakung. Putra Bapak saha Ibu Sulaiman dipunparingi pusaka asma “Muhammad Ali”. Anakmas Muhammad Ali lair wonten ing dinten Setu Pahing, 12 Juli 2010 kanthi wilujeng. Bapak saha Ibu Sulaiman tansah ndedonga sarta nyenyuwun pangestu panjenengan sedaya amrih anakmas Muhammad Ali saged dados putra ingkang soleh lan nutuki kekudangan tiyang asepuhipun, taat wonten ing agami sarta migunani tumrap nusa bangsa lan nagari. Mugi-mugi Gusti Allah kersa ngabulaken panyuwunanipun Bapak saha Ibu Sulaiman.
Para rawuh ingkang minulya, Bapak saha Ibu Sulaiman nyuwun pangapunten mbokmenawi anggenipun ngacarani rawuh panjenengan, caos papan palenggahan utawi pasugatan kirang mranani ing penggalih salajengipun para rawuh kasumanggakaken dhahar kembul sesarengan kanthi ladi pribadi utawi prasmanan minangka tasakuran anakmas Muhammmad Ali sinambi mirengaken saha nglaras Campursari Laras Irama.
Menawi kawawas sampun cekap anggenipun rawuh ing pahargyan menika lan panjenengan badhe ngersakaken kundur kula namung ngaturaken matur nuwun lan sugeng kundur tansaha manggih wilujeng. Wasana kula pribadi, mbokmenawi anggen kula matur kirang tata krama, solah bawa utawi wonten tetembungan ingkang mranani, kupat bumbune santen sedaya lepat nyuwun pangapunten.
Wassalamu’alaikum Warohmatullahi Wabarokatuh

para pinisepuh ingkang satuhu kinabekten. Para tamu ingkang kinormatan, saderengipun kula matur wonten ngarsa panjenengan, kula kumawani munggel pangandika para tamu ingkang nembe imbal wacana.
Para rawuh ingkang minulya, ingkang sepisan mangga kula nderekake memuji ing ngarsaning gusti ingkang mahaagung, awit sampun kepareng paring ganjaran wilujeng satemah kula miwah panjenengan saged makempal ing adicara sukuran menika, kanthi pangajab adicara saged lumampah kanthi rancang tanpa alangan satunggal menapa.
Para lenggah sedaya, kulaminangka wakilipun Bapak Sunardi sakulawarga ngaturaken pambagya sugeng rawuh, sarta ngaturaken panuwun ingkang tanpa umpami dene penjenengan sedaya sampun kersa nglonggarake wekdal rawuh ing adicara menika.
Kados sampun kapacak wonten ing serat ulem, dinten menika panggalih ipun Bapak
– ibu Sunardi sanget suka bagya dene manak mas Djatmikho sampun saestu saget nggayah sarjana pendidikan bahasa indonesia, universitas negeri yogyakarta, sampun lulus saking perguruann tingi nalika tanggal 17 Maret 2003. Bapak - ibu sunardi saestu bombong ing manah dene wontwn putranipun ingkang kasdu ngipuk-ipuk basa, sastra, saha budaya, nun inggih anak mas djatmikha, s.pd. Pramila, Bapak – Ibu Sunardi tansah ndedonga sarta nyuwun pangestu pangestu panjenengan para tamu amrih anak mas djatmiko, S.PD. Saged ngayahi wajib awit samenika sampun katampi dados peneliti wonten balai Bahasa Yogyakarta, kanthi taksih nyambi dados penyiar ing salah sawijining stasiun radio swasta ing ngayogyakarta, inggih ngasto bab siaran magepokan kaliyan budaya.
Para rawuh ingkang minulya, bapak – ibu Sunardi nyuwun pangapunten bokmenawi anggenipun ngacarani rawuh panjenenan kirang mranani ing penggalih. Salajengipun para rawuh kasugata kanthi dahar kembul kanthi ladi pribadi (Prasmanan) minangka syukuran anak mas Djatmikho, sinambi nglaras campursari regeng gayeng.
Wasana kula pribadi, bok menawi anggenipun kula matur kirang tatakrama, kula nyuwun pangapunten. Nuwun.
ATUR
PAMBAGYA PAMITAN HAJI
Kula
nuwun,
Panjenenganipun
para sepuh saha pinisepuh ingkang sampun pana ing pamawas, lebda ing pitutur,
ingkang satuhu pantes kinabekten.
Para
tamu sinedhahan kakung putri ingkang satuhu bagya mulya.
Kasugengan,
karahayon inggih awit sih nugrahaning Gusti ingkang Maha Kuwaos mugi tansah
hangrenggani dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, sumrambah ing
samudayanipun.
Hamurwani
tumapaking karya sedyatama, inggih awit saking keparengipun Bapa hery kekalih
[ingkang hamengku karsa] ing wanci kalenggahan punika, kula pinangka pambiwara
keparenga hambuka wenganing wicara, saperlu hangaturaken menggah urut
reroncening adicara paningset ing wanci kalenggahan punika.
Hamung
kewala, saderengipun pambiwara hangaturaken menggah urut reroncening adicara,
jumbuh kaliyan kuncaraning bangsa kita, ingkang tansah hanengenaken ing
panembah dhumateng Gusti ingkang Maha Mirah, sumangga langkung rumiyin kula
dherekaken tansah cumadhong ing kamirahanipun. Mugi-mugi wiwit purwa madya
ngantos wusananing sedya, lumampah kanthi sepen ing rubeda.
Wondene
minangka purwakaning sedya, inggih sowanipun badhe temanten putri kawijilaken
saking sasana busana, manjing ing sasana dhampar pinajang. Saksampunipun satata
lenggah, tumunten katindakaken adicara serah panampining badhe temanten kakung
dalah abon-abon uba rampe minangka jejangkeping apalakrama. Purna serah panampi
kalajengaken serah panampining redana aji.
Saparipurna
serah panampining redana aji, kalajengaken liru kalpika aji, inggih ngagemaken
ali-ali dhumateng badhe temanten kekalih, nunten kalajengaken atur pambagya
harja, nunten kalajengaken atur pamitan saking kadang besan sutrisna.
Wondene
paripurnaning sedya hambok bilih badhe temanten sarimbit sampun kabedhol saha
kajengkaraken saking sasana dhampar pinajang, tumuju wiwaraning pahargyan
jinajaran rama saha ibu, sinartan panutuping atur saking pambiwara.
Mekaten
para lenggah kakung saha putri, menggah urut reroncening adicara paningset ing
wanci kalenggahan punika. Pramila awit saking punika, purwa madya ngantos
wusana, mugi para lenggah kakung saha putri, wontena suka lilaning penggalih
tansaha paring puji astuti ngantos dumugi purnaning gati. Nuwun, matur nuwun.
ATUR
PAMBAGYA PAWIWAHAN PENGANTEN
Assalamu'alaikum
Wr.Wb
para panisepuh ingkang satuhu dahat kula
bekteni. Para rawuh kakung sumawana putri ingkang satuhu bagya mulya. Mugi
rahayu saha winantu sagunging karaharjan mugi kasarira ing para tamu sadaya.
Keparengan
kula sumela atur nggempil kamardikan panjenengan sekaliyan, kalanipun sakeca
wawan pangandika.
Kula minangka tetalanging tanggap wacana, kalilanana kula matur ing ngarsanipun para rawuh sadaya, bilih saking keparengipun Bapak mari. Sekaliyan, kula tinanggenah nglairaken raos pangraos ingkang mijil saking telenging wardaya. Ingkang dingin : ngaturaken sewu syukur Alhamdulillah wonten ing ngarsaning Gusti Allah SWT dene hajatipun Bapak tuwin Ibu marni anggenipun gadah damel ndaupaken putra putri ingkang nanti siti maemunah sampun kalampahan daup kaliyan jaka hery Rikala dinten ahad tanggal kaping 19 Wanci jam 10.00 wib wonten ing gedung RSPD klaten kanthi wilujeng nir ing sambikala.
Kaping kalihipun Bapak saha Ibu mari sakulawarga kanthi bebeg birawaning manah, ngaturaken suka bingahing manah saha ngaturakwn pambagya wilujeng sarta agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan katur para rawuh sadaya ingkang sampun kersa rawuh, saperlu paring berkah wilujeng dumateng Sri penganten sekaliyan, sumrambah dumateng sanak saderek sadaya.
Mboten kasupen Bapak saha Ibu mari ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa upami katur para sadherek, kadang kadeyan pamong mitra, tanggga tepalih saha para muda mudi sadaya ingkang sampun kanthi lila legawaning manah paring pambiyantu lan panyumbang ingkang awujud punapa kemawon.
Sarehning Bapak saha Ibu mari sakulawarga mboten saged ngaturi piwales punapa-punapa, sagedipun namung ngaturaken puja-pudyastuti, mugi-mugi panjenengan sadaya angsala sih kautaman saking ngarsaning Gusti Allah SWT sarta angsala piwales sih kanugrahan ingkang matikel-tikel saha mawantu-wantu.
Kaping tiganipun, Bapak saha Ibu mari sakaluwarga nuwun sih panarima panjenengan sadaya, kersaha paring berkah pangestu puja pangastuti, mugi-mugi Sri pengantin sekaliyan sageda nglaksanani kekudanganipun para pinisepuh sadaya.
Sageda Sri pangantin sekaliyan antut runtut dumugining kaken-kaken lan ninen-ninen, rahayu, widodo kalis ing sambekala. Saha mugi-mugi enggal angsala momongan putra utawi putri ingkang bekti dhumateng Allah SWT, bekti dhumateng rama ibunipun saha para pinisepuhipun, sageda mikul suwur mendhem jero, labuh labet dateng nagari saha bangsanipun, sageda murakabi dhateng bebrayan agung.
Kaping sekawanipun, mbok bilih wonten kiranging trapsila anggenipun ngacarani, bojakrama para sanak sadherek ingkang tinanggenah among tamu saha kirang mranani anggenipun mapanaken palenggahan, ugi kirangipun trapsila anggenipun para kaneman nyaosaken pasugatan, mugi kersaha para tamu anglunturaken samodra pangaksami.
Ing wasana para tamu kasuwun keparenga anglajengaken lelanggahan kanthi mirunggan, suka manggung, suka marakabi sadaya pasugatan lan lelangen ingkang sampun sumawis ngantosa dumugi sak paripurnaning pawiwahan punika.
Minangka panutuping atur, mbok bilih anggen kula ngaturaken tanggap wacana ambagya wara punika kathah cicip cewet kuciwaning, saha kirang trapsilaning anggen kula matur, kersaha para tamu anglunturaken samodra pangaksama.
Akhirulkalam, bilahit taufik wah hidayah.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb

0 komentar:
Posting Komentar